Iki entuk crito tentang BAGUS soko sukoharjo
Ning jero kelas Bu guru lagi mulang boso Jowo
Bu Guru : " murid- murid... kewan opo sing huruf awale.. J "
Murid murid meneng kabeh..
terus Bagus ngacung :
Bagus : " JARAN, bu guru.."
Bu guru : "pinteeeerrr.. kowe Gus"
Bu guru : " jajal saikir kewan opo sing huruf awale N..."
Bagus nyahut maneh: " NIKU JARAN, bu guru..."
Bu guru : " Gus kowe maju ngadeg ning ngarep kelas...."
Bagus maju, diukum ning ngarep kelas..
Bu guru : " trus maneh yo..kewan opo sing huruf awale K "
Murid murid meneng kabeh ..
Bagus ngomong lirih..: " KOYOK'E JARAN.."
Murid murid ngguyu cekikik'an sebagian ngakak...
Bu guru jengkel : "Gus...metuo ning njobo kelas kono !!.."
Akhire sak kelas anteng meneng.
Bu guru : " ayo diterusno meneh yo..kewan opo sing huruf awale... R.."
Bagus Nglongok soko njobo cendelo "ROMBONGAN JARAN.... Bu guru !!! "
Wiiinggggggggg.....!!! ... Cethoook
penghapus mabur keno bathuk'e Bagus...
Bu Guru : "*Terusno maneh yo anak-anak, kewan opo sing jenenge diawali soko huruf *G ?"
Bagus njawab karo bengok-bengok soko ngisor cagak gendero :
"GENAH JARAN kok.... iseh takon wae...!!!".
Bu guru metu langsung malangkeriiik karo mendelik koyok walang kekek...
Bu guru mlebu maneh nang kelas " kewan opo sing hurup awale... M ?
Bagus Karo ngakak* jawab Manuk e Jaran buuu.....!!!
Bu Gurune akhire stress, njur Guya - guyu dewe, koyok sing moco crito iki....
Tersenyum sebagian dari ibadah , tertawa itu salah satu pola hidup Sehat
Mbok Menowo Manfa'at kanggo Jampi stress
Ben ora spaneng mikir corona
Tertawa itu bikin sehat