Catatan Harian Mas Andri

Silahkan digunakan dengan bijaksana

back

Inilah Tembung Nganggo Akhiran UL

12 April 2020 || 13:53:02 WIB || ClassyID

Edisi hiburan.....
SEPIRO JAWAMU......
Jawaben kanthi titis.
Tembung neng ngisor iki, nganggo akhiran UL

  1. Sirah tanpa rambut = Gundul
  2. Piranti kanggo ndhudhuk lemah = Pacul
  3. Bali = Wangsul
  4. Munggah neng angkasa = Mumbul
  5. Dhuwure ngungkuli papan sak dhuwure = Sundul
  6. Bathuk nonong = Mrempul
  7. Untune ora rata = Gingsul
  8. Mlenthing neng rai = Bisul
  9. Bangsane tales = Bentul
10. Nglumpuk ing sawijing papan = Kumpul
11. Ros-rosan antarane pupu lan sikil ngisor = Dengkul
12. Wong sing dodolan = Bakul
13. Wadhah sega saka pring = Wakul
14. Sega = Sekul
15. Nggawa ana pundhak = Panggul
16. Mendal = Mentul
17. Kancane blekok = Kuntul
18. Bedhil = Pistul
19. Panganan saka gaplek = Thiwul
20. Tepung saka kulite beras bagian njero = Katul
21. Botol = Gendul
22. Kain kanggo nutupi awak yen lagi turu = Kemul
23. Tiup = Sebul
24. Gelung = Sanggul
25. Uwal = Ucul

Mangga dipun jawab sinambi leyeh-leyeh